Ads 468x60px

Minggu, 05 Agustus 2012

PARIKAN

PARIKAN



Nang warung kok tuku puthu
Sing tuku iku pak raden
Ayo konco podho sinau
Nek wis pinter dadi presiden

Tuku bakso nang kertosono
Menyang pasar kok tuku janur
Ayo konco podho dongakno

Mugo-mugo aku sok dadi gubernur


Ali-ali ilang matane
Gantenana matane akik
Aja lali karo wong tuwane
Ngailingana ri kalane sih cilik

Manuk emprit
Menclok ning tebu
Dadi murid 
Sing sregep sinau

Yen kembange kembang lamtoro
Dudu kembang mawar melati
Mumpung konco isih mudra
Ayo konco sing ati-ati

 Bulek Tin ngundang sukuran
Aku ra teko polahe cacar
Valentine malah kepikiran
Solae aku rung duwe pacar

Jajan sekoteng
Nok prapatan karang ayu
Opo artine ngganteng
Nek ora payu-payu

Wiji duren arane pongge
Dibubur enak rasane
Lanangan/wedokan keren akeh tunggale
Sing jujur angel golekane

Nyuwek dluwang 
Nganggo lading
Iso nyawang
Ning raiso nyanding

Bisa nggambang 
Ora bisa nyuling
Bisa nyawang 
ora bisa nyandhing

Mangan kare 
Dicampur bubur
Yo ben kere 
Sing penting jujur

Yu Painten 
Keleleken jendelo
Cekap semanten 
Piatur kulo

Mangan kupat
Dicampur telo
Menawi lepat
Nyuwun ngapuro

( Tak tinggal jo awe-awe,sargulo seto hiburane )